Kelas Bu Novi

Kelas Bu Novi
Kelas Bu Novi

ULANGAN HARIAN 1 BAHASA JAWA 8

 ULANGAN HARIAN 1

 



GARAPEN ING KERTAS FOLIO !

KAPILIHEN WANGSULAN INGKANG LERES [ a. b, c utawi d ] !

.

    Mula bukane Sumur Blandung kuwi, sawijining dina ana petani jenenge Pak Pahing akon anake yaiku Kliwon supaya angon wedhus, nanging ora gelem nunggoni wedhuse malah dolan nonton.Pak Pahing weruh wedhuse ora ditunggoni Kliwon, dheweke banjur nesu,wedhuse digawa mulih.Tekan omah Kliwon diseneni nanging meneng wae, amarga ora direwes Pak Pahing nesune saya muntap banjur Kliwon ditundhung saka omah. Kliwon lunga mangalor tekan Gunung Lawu. Ing papan kuwi ana pondok pesantren. Kliwon mapan lan maguru ing pesantren kuwi.

Sumur Blandhung digawe nalika jaman Hindhu-Budha kerajaan Majapahit abad 13-14. Sumur Blandung pancen sengaja digawe penduduk banyune kanggo kaperluan padinan.

 1.Pethilan cariyos ing nginggil mujudaken salah satunggalipun carios ingkang kawastanan....

        a.  myte

        b.  sage

        c.  legendha

        d.  fabel

 2. Midherek pethilan cariyos ing nginggil, kapendhet saking cariyos ingkang irah-irahanipun....

        a. Rawa Pening

        b. Sumur Blandhung

        c. Sanbgkuriang

        d. Tlaga Menjer

 3. Kenging menapa Pak Pahing duka dhateng Kliwon ? 

     Amargi anggenipun Kliwon angen menda [ wedhus ] .......

        a. dipuntinggal nonton

        b. dipuntinggal dolan

        c. dipuntinggal adus

        d. dipuntinggal buruh

 4. Sumur Blandhung kadamel abad 13-14 nalikanipun jaman Hindu - Budha kerajaan.....

        a. Sigasari

        b. Kediri

        c. Majapahit

        d. Mataram

  5. Legendha punika satunggaling cariyos ingkang nyariosaken babagan.......

        a.dumadosipun papan panggenan

        b. kewan ingkang solah bawanipun kados manungsa

        c. kapercayan dhumateng roh-roh alus

        d. lelabuhanipun lan kekendalanipun para pahlawan

  6. Ing ngandhap punika cariyos-cariyos ingkang kalebet Legendha...

        a. Kancil lan Baya, Semut lan Gajah

        b. Rawa Pening, Gunung Tangkuban Prau

        c. Watu Keprak, Grahana Bulan

        d. Pattimura, Pangeran Diponegoro

  7. Mula bukane Sumur Blandhung kuwi,sawijining dina ana petani arane Pak Pahing akon anakke

      yaiku Kliwon supaya angon wedhus.

      Tembung mula bukane tegesipun....

         a. miturut caritane

         b. asal usule

         c. nalika jamane

         d. panggonane

   8. Sawijining bengi ing padhepokan kuwi ana guru nggawe tandha kanthi cara sarung dibundhe-       

       li pucuke.

       Tembung padhepokan tegesipun papan kangge....

         a. pados ngelmu

         b. dolanan lare

         c. olah raga

         d, nyambut damel

   9. Mayasari banjur mlayu menyang sawijining papan , ing kono dheweke lara nglebag-nglebag

        nganti tumekaning pati. Mula papan iku dijenengi...

         a  Gandulan

         b. Mbolang

         c. Mlibag / Nglibag

         d, Malangsari

   10. Papan punika kawastanan Sumur Blandhung ingkang mapan wonten ing Desa.....,

         Temanggung.

           a. Sanggrahan Kecamatan Kranggan

           b, Ngimbrang Kecamatan Bulu

           c. Pringapus Kecamatan Ngadirejo

           d. Tegowanuh Kecamatan Kaloran

    11. Menawi kita pirembagan kaliyan rencang, adhi utawi sedherek ingkang kapernah enem

          [umure luwih enom ] biasanipun migunakaken basa...

            a. krama lugu

            b. krama alus

            c. ngoko lugu

            d. ngoko alus

    12. Dene menawi kita pirembagan kaliyan tiyang sepuh utawi kaliyan sinten kemawon ingkang

          yuswanipun langkung sepuh lan pangkatipun langkung inggil, kedahipun ngginakaken

          basa.....

            a., krama lugu

            b. krama alus

            c. ngoko lugu

            d. ngoko alus

    13. Adhiku mulih saka sekolahan, banjur nggarap PR.

          Midherek unggah-ungguhipun ukara punika migunakaken basa.....

            a. krama lugu

            b. krama alus

            c. ngoko lugu

            d. ngoko alus

     14. Ukara-ukara ing ngadhap punika ingkang migunakaken basa ngoko alus, pinanggih ing....

            a. Maryadi lagi turu ing kamar ngarep.

            b. Pak Karnomo lagi wae kondur saka Jakarta.

            c. Aku arep adus dhisik, Entenana...ya !

            d. Bu Darsini sampun tindak arisan kala wau.

     15. Pak Kuswanto mboten saged tindak dhateng kantor.amargi saweg gerah.

           Ukara ing nginggil migunakaken basa.....

             a. krama lugu

             b. krama alus

             c. ngoko lugu

             d. ngoko alus

      16. Basuki arep mangkat sekolah numpak pit onthel.

            Ukara punika menawi kadadosaken ukara abasa krama alus ungelipun dados...

             a. Basuki badhe bidhal sekolah numpak pit onthel.

             b. Basuki badhe tindak sekolah numpak pit onthel.

             c. Basuki badhe bidhal sekolah nitih pit onthel.

             d. Basuki badhe tindak sekolah nitih pit onthel.

       17. Tembung : adus , turu , mangan  menawi kadadosaken basa krama alus dados....

              a. siram , sare  , nedha

              b. adus ,  sare , nedha

              c. adus , sare , dhahar

              d. siram , sare , dhahar

       18. Sasampunipun adus,kula lajeng sarapan lan bidhal sekolah.

             Ukara punika migunakaken basa........

               a. ngoko lugu

               b. ngoko alus

               c. krama lugu

               d. krama alus

       19. Mengko bengi aku arep sowan pak RT, arep nyuwun tapak asta lan cap stempel.

             Tembung tapak asta tegesipun....

              a. tanda tangan

              b. tanda terima

              c. tanda mata

              d. tanda nota

       20. Pak Kasto yuswane wis sepuh, nanging isih bisa maos tanpa ngagem kaca mata.

             Ukara punika menawi kadadosaken basa krama alus ungelipun dados........

              a. Pak Kasto yuswanipun sampun sepuh nanging taksih saged maos tanpa ngagem kaca tingal

              b. Pak Kasto umure wis tuwa, nanging isih bisa maca tanpa nganggo kaca mata

              c. Pak Kasto umuripun sampun tuwa, nanging taksih saged maos tanpa nganggo kaca mata

              d. Pak Kasto yuswanipun sampun tuwa, nanging taksih saged maca tanpa ngagem kaca tingal

              

 

Post a Comment

0 Comments