Kelas Bu Novi

Kelas Bu Novi
Kelas Bu Novi

MATERI TEKS PACHELATHON [ DIALOG ]

 

Contoh Pacelathon Bahasa Jawa Tema Lingkungan dan Kebersihan (Percakapan Dua Orang)

1. Contoh Pacelathon Bahasa Jawa Tema Lingkungan dan Kebersihan (Percakapan Dua Orang) 
Sungai terjernih di dunia
 
Pacelathon ing bahasa Indonesia yaiku percakapan sing nganggo Bahasa Jawa. Ning ngisor iki ono conto pacelathon tema lingkungan lan kebersihan. Ono Budhe lan Ari sing lagi ning pinggir kali. Ayo podo moco contoh pacelathon Bahasa Jawa iki, mugo-mugo biso menehi ilmu utowo mbantu sopo wae sing lagi mbutuhake.
Budhe : iseh ngopo kowe Ri ning kono?
Ari : Niki kulo badhe bucal sampah.
Budhe : kok umpet-umpetan lewat kono to Ri?
Ari : Nggih Budhe
Budhe : Kenopo jane?
Ari : Kulo badhe  bucal sampah ten kali.
Budhe : woalah, berati kowe isin to sakjane.
Ari : hehe... nggih budhe
Budhe : Yo yen awakmu ngerti kuwi salah , ojo dilakoni nuw.
Ari : Nggih Budhe nyuwun pangapunten, kulo mboten sios ten kali mbucalipun.
Budhe : Bener Le, yen mbuwak sampah ning kali kuwi ora apik, biso marakke mampet, mengko yen mampet, kaline biso banjir.
Ari : nggih Budhe, maturnuwun


2. Pacelathon antarane bocah=bocah (memakai bahasa jawa ngoko)

Dona: "Arep ngandi Don?"

Doni: "Arep menyang warung Na"

Dona: "Oh, aku oleh njaluk tulung?"

Doni: "Njaluk tulung apa Na?"

Dona: "Tulung aku tukokno buku tulis siji wae,mengko tak ijoli duite"

--------------------------------------------------------------------------

3. Pacelathon antarane bocah=Wong tua (memakai bahasa krama alus)

Bapak: "Mar, tulung jupukno ngombe bapak nduk"

Marni: "Inggih Pak, Badhe ngunjuk napa?"

Bapak: "Ngombe banyu putih wae nduk"

Marni: "Inggih Pak"

Bapak: "Iyo nduk, koe pancen bocah sing nurut nduk".

Marni: "Sampun kewajiban kula Pak"


4. Pacelathon antarane bocah=Wong tua (memakai bahasa krama alus)


Aku ; Pak menapa sik asmane virus corona niku?

Bapak; Ndhuk virus corona kuwi virus jenis anyar sing ditemokake. Virus iku banget mbebayani nggo wong akeh

Aku ; Oalah ngoten to Pak..kita sedaya kedah ngatos - atos..nggih..Pak.

Bapak: O..iya Ndhuk.

Aku;Pak... kados pundi pencegahan virus corona niku ?

Bapak : Awak dhewe kudu rajin wisuh nggango sabun lan ora salaman ndhisik.

Aku : O..nggih pak.

Ibu : Ndhuk..ndhuk maem ndhisik.

Bapak: Ayo Ndhuk maem.

Aku  : Nggih... Pak...Buk.

Bapak : Ibu lan kowe wisuh ndhisik nganggo sabun.

Ibu lan aku: nggih.. pak

 

Pacelathon bab Energi Listrik

Ibu: Piye yo iku...

Sintia: Nopo bu?

Ibu: Bayaran listrike nambah Sin...

Sintia: Lha piye bu, yo uwis tak nyetel TV sek

Ibu: Ojo nyetel TV sek engko malah listrike disegel, Ibu uwes ora iso mbayar..

Sintia: Yo uwis bu...tak metu dolan yo... (pas dolan)

Dita: Kok koe metu, biasane ora?

Sintia: Biasane aku ing aku ing omah nyetel TV, tapi bayaran listrike nambah akeh , Ta

Dita: Oo... Makane koe ojo nyetel TV terus, ojo nyalakke lampu ing kamarmu awan-awan, lan ojo dolanan komputer terus

Sintia: Yo aku wes ngerti, tapi ibuku ora sanggup bayare

Dita: Pecahke celenganmu wae, koe kan rajin nabung

Sintia: Yo

(Ing omah)

PRANG!!

Ibu: Kui opo nak? Kok celenganmu dipecah?

Sintia: (ngitung) Sejuta Lima Ratus

Ibu: Kok malah ngitung arto... Gawe opo?

Sintia: Ni bu...buat bayar listrik

Ibu: Tenan iki?

Sintia: Tenan buu..

 

Yen wis kowaca kabeh conto - conto pacelathon lan wskopahami , Saiki tugas sing kudu kogarap ing folio

Gaweya pacelathon dumadi 3 paraga [pelaku] kanthi tema bebas ,saben paraga minimal 3 ukara !

 

BABAGAN PARIBASAN

 Masyarakat Jawa mengenal beberapa bentuk gaya bahasa yang memiliki fungsi sebagai piwulang (pembelajaran) secara lisan. Gaya bahasa yang dituturkan secara turun temurun dalam kehidupan masyarakat Jawa tersebut sering dikenal sebagai pepatah (peribahasa Jawa) yang dalam bahasa Jawa masyarakat sering menyebutnya dengan nama paribasan, bebasan, dan saloka.
Ketiga bentuk pepatah Jawa tersebut merupakan bentuk gaya bahasa yang berisi pitutur bijak yang sering digunakan oleh masyarakat Jawa dalam menyampaikan nasihat, teguran, maupun sindiran kepada orang lain. Paribasan, bebasan, dan saloka merupakan bentuk pepatah Jawa yang dibedakan berdasarkan gaya penyampaiannya. Untuk lebih mengenal ketiga bentuk pepatah Jawa beserta contohnya tersebut, simak lebih lanjut ulasan kami berikut ini.

paribasan-bebasan-saloka.jpg


1. Pepatah Jawa Paribasan

Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar (kiasan) lan ora ngemu surasa pepindhan (terjemahanParibasan (Jawa) yaitu kata-kata (dalam bahasan Jawa) yang tetap dalam penggunaannya, yang memiliki makna (kiasan) dan tidak mengandung makna pengandaian (bermakna konotatif)).
Secara umum paribasan merupakan bentuk gaya bahasa (Jawa) yang berisi kata-kata yang dalam penggunaannya tidak boleh dialih bahasakan. Paribasan menggunakan bahasa jawa secara lugas, jelas dan tidak menggunakan pengandaian, perbandingan, atau perumpamaan. Kata-kata atau gaya bahasan dalam paribasan berisi nasihat, teguran, atau sindiran kepada orang lain.

Contoh Paribasan atau peribahasa Jawa dan artinya;
  1. "Adigang adigung adiguna", tegese ngendel-endelake kekuwatane, kaluhurane, lan kapintarane. (artinya; mengandalkan (menyombongkan) kekuatannya, kekuasaannya, dan kepandaian yang dimilikinya).
  2. "Ana catur mungkur", tegese ora gelam ngrungokake rekasaning liyan kang ora prayoga.(artinya; tidak mau mendengarkan keluh kesah/ gunjingan orang lain yang tidak baik).
  3. "Angon mangsa", tegese golek wektu kang prayoga utawa golek wektu kang becik.(artinya; menunggu waktu yang tepat atau mencari waktu yang baik).
  4. "Anak polah bapa kapradhah", tegese wong tuwa nemu pakewuh amarga saka tumindake anak kang kurang prayoga.(artinya; orang tua juga ikut menanggung akibat dari perbuatan anaknya yang tidak baik).
  5. "Angon ulat ngumbar tangan", tegese ngulat-ulati limpene wong, tujuane arep njupuk barang sing dilimpe mau.(artinya; memperhatikan kelengahan orang, dengan tujuan mengambil/ mencuri barang yang diinginkan).
  6. "Becik ketitik ala ketara", tegese tumindak becik lan tumindak ala bakal ketara tembe mburine utawa dititeni tembe mburine.(artinya; perbuatan baik dan buruk pasti akan terlihat nantinya).
  7. "Busuk ketekuk pinter keblinger", tegese wong bodho utawa wong pinter padha nemu rekasa utawa nemu cilaka.(artinya; orang bodoh maupun orang pintar suatu saat akan menemui kesulitan).
  8. "Cincing-cincing meksa klebus", tegese karepe arep ngirit jebul malah entek akeh.(artinya; maksud hati ingin berhemat/ irit tetapi malah boros).
  9. "Ciri wanci lelai ginawa mati", tegese pakulinan ala ora bisa ilang nganti tumekaning pati.(artinya; kebiasaan/ watak buruk seseorang tidak akan hilang sampai mati).
  10. "Criwis cawis", tegese akeh omongane ananging uga mrantasi ing gawe.(artinya; banyak omongnya tetapi juga mampu menyelesaikan pekerjaan dengan benar).
  11. "Dahwen ati open", tegese wong kang nacat, nanging panacate iku amarga duwe pamrih marang barang sing dicacat mau.(artinya; orang yang mencela/ merendahkan karena memiliki niat/ keinginan untuk memiliki sesuatu yang dicela tersebut).
  12. "Desa mawa cara negara mawa tata", tegese saben papan utawa dhaerah duwe adat utawa tatacara dhewe-dhewe.(artinya; setiap tempat atau daerah mempunyai adat dan aturan sendiri-sendiri).
  13. "Dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan", tegese sanajan wong liya manawa nandhang ora kepenak dibelani utawa yen mati melu nggetuni.(artinya; meskipun bukan saudara atau orang lain jikalau terkena musibah juga ikut merasakan kesedihan dan penyesalan).
  14. "Durung pecus keselak besus", tegese durung pinter menyambut gawe, ananging wis kepingin werna-werna utawa wis kepingin rabi.(artinya; belum pandai dalam bekerja, tetapi sudah berkeinginan macam-macam).
  15. "Entek amek kurang golek", tegese anggone misuh ngunek-unekake sakatoge utawa saenteke.(artinya; memarahi atau mencerca seseorang habis-habisan).
  16. "Garang-garing", tegese ketoke katon sugih, ananging sajatine rekasa uripe utawa kacingkrangan panguripane.(artinya; kelihatannya kaya raya, tetapi sebenarnya hidupnya menderita atau kekurangan).
  17. "Gliyak-gliyak tumindak sareh pakoleh", tegese sanajan anggone nindakake sakepenake wusane kaleksanan kanthi becik wusanane.(artinya; meskipun bertindak semaunya sendiri tetapi dapat terlaksana dengan baik dan lancar).
  18. "Njajah desa milang kori", tegese lelungan adoh tekan ngendi-endi desa, kutha, negara kabeh wis diparani.(artinya; bepergian jauh menjelajahi pelosok negeri semua sudah didatangi).
  19. "Jalukan ora wewehan", tegese wong senengane njaluk, nanging ora gelem weweh utawa menehi.(artinya; orang yang suka meminta, tetapi tidak mau berbagi atau memberi).
  20. "Jer basuki mawa beya", tegese samubarang gegayuhan utawa kabeh gegayuhan mbutuhake ragat utawa biaya.(artinya; setiap keinginan atau cita-cita pasti membutuhkan biaya).
  21. "Njunjung ngentebake", tegese wong senengane ngalem, nanging sajatine ngasorake.(artinya; orang yang suka memuji, tetapi sebenarnya dia merendahkan).
  22. "Kalah cacak menang cacak", tegese samubarang panggawean kudu dicoba dhisik bisa lan orane.(artinya; pekerjaan apapun perlu dicoba dulu bisa dan tidaknya).
  23. "Kebat kliwat gancang pincang", tegese tumindak kanthi grusah-grusuh, wusanane ora kebeneran.(artinya; pekerjaan yang dilakukan tergesa-gesa hasilnya tidak akan tepat/ tidak baik).
  24. "Keplok ora tombok", tegese melu ngrasakake seneng nanging ora melu ragad.(artinya; ikut merasakan kebahagiaan/ kesenangan tetapi tidak mengeluarkan uang).
  25. "Ketula-tula ketali", tegese wong kang uripe rekasa banget utawa wong kang kesandung sandhung uripe.(artinya; orang yang hidupnya menderita atau terlunta-lunta hidupnya).
  26. "Kumenthus ora pecus", tegese wong kang umuk utawa sombong ananging ora sembada.(artinya; orang yang berlagak pintar tetapi sebenarnya tidak paham/ tidak bisa apa-apa).
  27. "Ladak kecangklak", tegese wong kang tansah nukari wong liya wusanane kena akibate dhewe.(artinya; orang yang suka menyakiti/ mengganggu orang lain pada akhirnya akan terkena akibatnya sendiri).
  28. "Maju tatu mundur ajur", tegese maju utawa mundur kabeh bakal mbebayani utawa nyilakani.(artinya; maju atau mundur semua serba berbahaya).
  29. "Mbuwang tilas", tegese ethok-ethok ora ngerti tumindak ala sing dilakoni.(artinya; pura-pura tidak tahu perbuatan buruk yang dilakukannya).
  30. "Mikul dhuwur mendhem jero", tegese anak kang bisa njunjung drajate wong tuwane.(artinya; anak yang bisa menjunjung tinggi derajat orang tuanya).
  31. "Nabok nyilih tangan", tegese tumindak mulasara wong utawa gawe sengsarane wong sarana kongkonan.(artinya; berbuat buruk/ mencelakai orang dengan menyuruh orang lain).
  32. "Ngluruk tanpa bala, sugih tanpa bandha, menang tanpa ngasorake", tegese wong kang tansah sugih ngelmu.(artinya; orang yang selalu kaya akan ilmu).
  33. "Nyolong pethek", tegese mleset saka pangirane utawa mleset saka pametheke.(artinya; meleset dari perkiraan).
  34. "Pupuran sadurunge benjut", tegese wong kang ngati-ati sadurunge nandhang cilaka.(artinya; orang yang selalu berhati-hati sebelum terkena musibah).
  35. "Rawe-rawe rantas, malang-malang putung", tegese samubarang kang ngalang-alangi kekarepane bakal disingkirake utawa dibrastha.(artinya; semua hal yang menghalangi keinginannya akan disingkirkan). 
  36. "Rukun agawe santosa crah agawe bubrah", tegese wong utawa negara kang rukun bisa dadi kuwat dene yen cecongkrahan njalari ringkih gampang dijajah.(artinya; kerukunan antar masyarakat akan menjadikan negara itu kuat dan sentausa, namun jika masyarakat bercerai berai akan menjadikan negara itu lemah dan mudah dijajah).
  37. "Sabaya pati sabaya mukti", tegese wong bebojohan urip rekasa dilakoni wong loro urip mulya uga dilakoni wong loro.(artinya; dalam berumahtangga susah ataupun senang dijalani bersama)
  38. "Sadumuk bathuk sanyari bumi ditohi pati", tegese wong kang gawe pasulayan marga ngganggu bojone liyan utawa gawe pasulayan marga lemah sapetak bakal dilabuhi nganti mati.(artinya; orang yang membuat masalah karena mengganggu istri orang atau karena perebutan tanah akan dilawan sampai mati).
  39. "Sepi ing pamrih rame ing gawe", tegese mbantu nyambut gawe mempeng utawa sregep tanpa duwe pamrih apa-apa.(artinya; dengan ikhlas membantu orang lain tanpa mengharap imbalan apa-apa).
  40. "Sembur-sembur adas, siram-siram bayem", tegese oleh pamujine wong akeh muga-muga kaleksanan gegayuhane.(artinya; mendapat doa restu banyak orang semoga tercapai harapan dan cita-citanya).
  41. "Sing sapa salah seleh", tegese sapa sing salah wusanane bakal teluk utawa ngakoni.(artinya; siapapun yang berbuat kesalahan suatu saat pasti akan kalah dan mengakuinya juga).
  42. "Sura dira jayaningrat lebur dening pangastuti", tegese wong ampuh tumindak ala, bakal sirna dening wong kang tumindak becik.(artinya; orang yang melakukan perbuatan buruk meskipun kuat, digdaya, dan berkuasa, pasti akan kalah dengan orang yang berbuat baik).
  43. "Tega larane ora tega patine", tegese wong kang tego rekasane, nanging ora tega marang patine sarana menehi pitulungan.(artinya; orang yang tega melihat kesusahan orang lain, tetapi tidak tega melihat orang lain mati).
  44. "Tinggal glanggang colong playu", tegese prajurit kang ninggalake kasatriyane sarana ninggalake ing peperangan.(artinya; prajuri yang meninggalkan kehormatannya dengan lari dari medan perang).
  45. "Tut wuri handayani", tegese wong tuwa utawa guru kang nyekarep marang pepinginane wong enom kang luhur, sarana ngulat-ulatake lan aweh prayoga saperlune.(artinya; dari belakang seorang guru harus dapat memberikan dorongan dan arahan).
  46. "Nulung menthung", tegese wong katone mitulungi, nanging sajatine gawe rekasane wong sing ditulungi.(artinya; orang yang memberikan pertolongan, tetapi sebenarnya malah memberikan beban kepada orang yang ditolong).
  47. "Tuna satak bathi sanak", tegese wong kang rugi satus, nanging bathi paseduluran.(artinya; orang yang rugi harta/ uang, tetapi untung semakin dekat dengan saudara/ erat persaudaraannya/ mendapat saudara).
  48. "Tunggal welat", tegese sedulur tunggal bapa biyunge.(artinya; saudara kandung atau saudara dekat).
  49. "Ulat madhep ati karep", tegese kekarepane lahir batine wis mantep banget.(artinya; keinginan lahir batinnya sudah mantab dan yakin).
  50. "Undhaking pawarta sudaning kiriman", tegese pawarta utawa kabar iku beda karo kasunyatane.(artinya; kabar atau berita yang diterima berbeda dengan kenyataan sebenarnya).
  51. "Welas tanpa lalis", tegese karepe ngeman, ananging malah gawe kapitunan.(artinya; niat menolong berderma tetapi malah jadi sengsara/ rugi sendiri).
  52. "Wiwit kuncung nganti gelung", tegese wiwit bucah nganti tuwo.(artinya; mulai muda sampai tua).
  53. "Yitna yuwana lena kena", tegese wong sing ngatia-ati bakal slamet, nanging wong sing sembrana bakal nemu cilaka.(artinya; orang yang berhati-hati pasti selamat, dan orang yang ceroboh akan celaka).

Post a Comment

0 Comments