Kelas Bu Novi

Kelas Bu Novi
Kelas Bu Novi

TEKS CERITA LEGENDA

 

LEGENDA GUNUNG PAYUNG
 
Legenda Gunung Payung, Candiroto Temanggung

                                                                                                                                                                                                                                                                                                                      Gunung Payung iku sawijining gunung cilik kang mapan ing kecamatan Candiroto kabupaten Temanggung lan mujudake kawasan pertanian. Desa Gunung Payung mapan ing tapel wates desa Candiroto. Jeneng desa Gunung Payung dijupuk saka gunung kang mapan ing kono. Sab en wong kang teka ing kono padha pitakon apa sebabe gunung iku dijenengake Gunung Payung.

          Wong ing sakitare kono Gunung Payung akeh sing padha ngandhakake jarene biyen-biyene ing kono ana payung saka emas .Miturut caritane, ing puncak gunung iku ana sawijining empu tukang gawe gegaman [ senjata ]. Empu iku mung urip dhewe. Nalika gawe pusaka mesthi nganggo tirakat, satemah bisa ngujudake keris kang dipanasi nggunakake drijine tanpa ngrasake panas utawa kobong . Bisa ngasilake gegaman kang sekti lan ampuh.

          Gunung Payung dipilih karana papan iku cocog kanggo nindakake tirakat. Nalika yuswane wis saya sepuh empu mau oleh pesenan supaya gawe payung emas lan banyak emas saka salah sawijijining pejabat krraton. Nangimg nalika pejabat keraton rawuh ing papan kono saperlu njupuk pesenane panjenengane mung manggih jenasahe sang empu sing wis seda, mula pejabat keraton mau banjur dhawuh marang prajurite supaya ngubur lan sabanjure pejabat dhawuh marang punggawane supaya nggoleki payung emas lan banyak emas pesena ne. Ananging ora padha kasil nemokake payung lan banyak emas kuwi.

           Ana sing percaya menawa kuburane sang empu mapan ing puncak gunung, lan ing sacedhake 
makam kono kanggo ngubur payung emas lan banyak emas pesenane sang pejabat keraton iku. Mula wiwit wektu iku gunung kasebut katelah Gunung Payung. Lan rikala penjajah Walanda teka ing Indonesia, krungu ana Payung emas lan Banyak emas sumimpen ing Gunung Payung banjur ngerigake wadyabalane nggoleki bandha kasebut. Anggone nggoleki migunakake alat - alat modern kanggo ngudhuki papan kono kang dinyana ana pendheman payung lan banyak emas.Kanthi pambudi dayane kang tenanan wusanane bisa kasil nemokake bageyan saka payung iku , nanging garane nganti saiki durung ketemu. Saperangan warga isih percaya yen garan payung emas lan banyak emas iku isih kapendhem ing puncake Gunung Payung. Nanging uga ana saperangan warga sing ora percaya lan mung nganggep yen kuwi mung mytos wae .

   Saiki yen wis kowaca carita legenda mau, banjur critakna maneh legenda Gunung Payung iku kanthi basamu dhewe ditulis ing folio minangka tugas garapan !

.PEPINDHAN 

Pepindhan iku unèn-unèn jroning kang mindhakake barang, kahanan siji karo barang utawa kahanan liyane, lumrahe nganggo tembung panggandheng : kaya, lir, pindha, kadya, lir pendah. Pepindhan asring dipigunakaké ing pacelathon padinan, panyandra jroning adicara penganten, pagelaran wayang utawa jroning babagan sastra.
Tuladhané Pepindhan
Pepindhan kanggo nyandra putri kang sulistya.
  1. Ayune kaya dewi Ratih
  2. Dedege ngringin sungsang
  3. Lembéyané mblarak sempal
  4. Kulite kuning nemu giring pindha mas sinangling
  5. Lakuné putri Sala kaya macan luwé
  6. Luruhe pindha Dewi Sembadra
  7. Aluse kaya sutra
  8. Jogede kaya merak kesimpir
  9. Jogede mucang kanginan
  10. Kenese kaya Dewi Srikandi
  11. Janggute pindha tawon gumantung
  12. Antenge kaya temanten ditemokke
  13. Mendhak-mendhak kaya sata manggih karma.
Panyandra kanggo satriya utawa priya
  1. Baguse kaya bathara Kamajaya tumurun
  2. Brengose nglaler mencok
  3. Brengose nguler keket
  4. Dedeg piadege gagah prakosa kaya Raden Werkudara
  5. Tandangé cukat kaya jangkrik mambu kili
  6. Tandange kaya jangkrik mambu kili
  7. Tandange kaya sikatan nyamber walang
  8. Tandange kaya banteng ketaton
  9. Tekade kaya geni lan urupe
  10. Lakune sang sinatriya nusup-nusup pindha ayam alas
Pepindhan kang kanggo nyandra kahanane wadyabala.
  1. Abang kumpul padha abang kaya alas kobong
  2. Dawane barisan anglur selur pindha sela brakithi
  3. Ijo kumpul padha ijo kaya bethet sayuta
  4. Ireng kumpul padha ireng kaya gagak reraton
  5. Kuning kumpul padha kuning kaya podhang reraton
  6. Ramen suraking wadyabala ambata rubuh
  7. Swarane kaya mbelahna bumi
  8. Wangsulane saur manuk
  9. Akehe pepati ing prang Baratayuda kaya babadan pacing
  10. Akehe pepati kaya sulung lumebu geni
  11. Untabe wadyabala kaya samodra rob
  12. Ramene lir prahara nempuh wukir
  13. Polahé wadyabala Ngastina tinrajang prajurit Pandhawa kaya gabah diinteri
Pepindhan kanggo nyandra wong nesu utawa nantang perang
  1. Soca bang angatirah
  2. Jaja bang mawinga-winga sinabet merang sagedheng bel mubal dahana.
  3. Sang Prabu duka yayah sinipi lir sinebit talingane.
  4. Sumbaré kaya bisa mutungna wesi gligèn
  5. Kekejera kaya manuk branjangan
  6. Kopat-kapita kaya buntut ula tapak angin
  7. Pintera kaya bisa njara langit
Pepindhan kanggo nyandra kahanan
  1. Abote kaya watu
  2. Adheme kaya es
  3. Antepe kaya wesi
  4. Anyepe kaya gedebog
  5. Asine kaya uyah
  6. Atose kaya wesi
  7. Bantere kaya angin
  8. Dhuwure kaya othak-othak méga
  9. Empuke kaya gudir
  10. Enthenge kaya kapuk
  11. Gampang kaya empol pinecok
  12. Gelise kaya banyu sinaring
  13. Kaku kaya kena nggo pikulan
  14. Kesite kaya kadhal
  15. Kesité kaya laler
  16. Klular-klulur kaya tuma kathok
  17. Landhepe pitung penyukur
  18. Padhangé kaya rina
  19. Panase kaya mecah-mecahna sirah
  20. Petenge ndumuk irung
  21. Polahe ngaru napung
  22. Rikate kaya angin
Pepindhan liya-liyane
1.      Akehe lelara kaya kena pageblug
2.      Ali-aliné nggunung sapikul
3.      Bebedané ngadhal mèlèt
4.      Bedane kaya bumi karo langit
5.      Begjane kaya nemu cempaka sawakul
6.      Begjane kaya nemu emas sakebo
7.      Begjane kaya nemu emas salaka
8.      Begjane pindha karubuhan gunung menyan karoban segara madu.
9.      Bungahe kaya ketiban ndaru
10.  Cahyane bingar kaya lintang johar
11.  Cahyane nglentrih kaya rembulan karahinan
12.  Cep klekep kaya orong-orong kepidak
13.  Cethile kaya cina craki
14.  Cumlorot kaya lintang alihan
15.  Cumlorot kaya ndaru
16.  Dalane nggeger sapi
17.  Domblong kaya sapi ompong
18.  Dondomane kaya tutus kajang
19.  Galake kaya buta
20.  Galake kaya macan manak
21.  Gelunge ngadhal mènèk
22.  Gendhéwané awangun kadhal meteng
23.  Gereng-gereng kaya singa antuk bayangan
24.  Kagete kaya tinubruk ing mong lepat
25.  Kepingine kaya nyidham cempaluk
26.  Lir sato mungging rimbagan
27.  Mider-mider kaya undar
28.  Mlakune ngodhok
29.  Mundur mungkur gangsir
30.  Nangise ndrenginging kaya rase
31.  Nuturi wong pinter prasasat ngajari bebek nglangi
32.  Nyengité kaya dhemit
33.  Parine nedheng gumadhung
34.  Pinter kaya bisa nyancang angin
35.  Pipane rokok menyu
36.  Putih memplak kaya kapuk diwusoni
37.  Rakete kaya sadulur sinara wedi
38.  Rukuné kaya mimi lan mintuna
39.  Rupane kembar pindha jambe sinigar
40.  Salake medhi ( masir )
41.  Sambaté kaya grantang
42.  Sambate ngaru ara
43.  Senenge kaya bubuk oleh leng
44.  Sentosa banget kaya janget kinatelon
45.  Suguhane mbanyu mili
46.  Klambine suwek nyangkem kodhok
47.  Tekade kaya madu lan manise
48.  Thingak-thinguk kaya kethek ketulup
49.  Tulisané mbata sarimbag
50.  Ulese kucing ngambang asem.
51.  Ulese jaran ngembang duren.
52.  Utangé nyundhul empyak
53.  Utangé turut usuk
54.  Wrangkané gayaman


         

Post a Comment

0 Comments