Kelas Bu Novi

Kelas Bu Novi
Kelas Bu Novi

TEKS PACELATHON

Contoh Pacelathon Bahasa Jawa Tema Lingkungan dan Kebersihan (Percakapan Dua Orang)

1. Contoh Pacelathon Bahasa Jawa Tema Lingkungan dan Kebersihan (Percakapan Dua Orang) 
Sungai terjernih di dunia
 
Pacelathon ing bahasa Indonesia yaiku percakapan sing nganggo Bahasa Jawa. Ning ngisor iki ono conto pacelathon tema lingkungan lan kebersihan. Ono Budhe lan Ari sing lagi ning pinggir kali. Ayo podo moco contoh pacelathon Bahasa Jawa iki, mugo-mugo biso menehi ilmu utowo mbantu sopo wae sing lagi mbutuhake.
Budhe : iseh ngopo kowe Ri ning kono?
Ari : Niki kulo badhe bucal sampah.
Budhe : kok umpet-umpetan lewat kono to Ri?
Ari : Nggih Budhe
Budhe : Kenopo jane?
Ari : Kulo badhe  bucal sampah ten kali.
Budhe : woalah, berati kowe isin to sakjane.
Ari : hehe... nggih budhe
Budhe : Yo yen awakmu ngerti kuwi salah , ojo dilakoni nuw.
Ari : Nggih Budhe nyuwun pangapunten, kulo mboten sios ten kali mbucalipun.
Budhe : Bener Le, yen mbuwak sampah ning kali kuwi ora apik, biso marakke mampet, mengko yen mampet, kaline biso banjir.
Ari : nggih Budhe, maturnuwun


2. Pacelathon antarane bocah=bocah (memakai bahasa jawa ngoko)

Dona: "Arep ngandi Don?"

Doni: "Arep menyang warung Na"

Dona: "Oh, aku oleh njaluk tulung?"

Doni: "Njaluk tulung apa Na?"

Dona: "Tulung aku tukokno buku tulis siji wae,mengko tak ijoli duite"

--------------------------------------------------------------------------

3. Pacelathon antarane bocah=Wong tua (memakai bahasa krama alus)

Bapak: "Mar, tulung jupukno ngombe bapak nduk"

Marni: "Inggih Pak, Badhe ngunjuk napa?"

Bapak: "Ngombe banyu putih wae nduk"

Marni: "Inggih Pak"

Bapak: "Iyo nduk, koe pancen bocah sing nurut nduk".

Marni: "Sampun kewajiban kula Pak"


4. Pacelathon antarane bocah=Wong tua (memakai bahasa krama alus)


Aku ; Pak menapa sik asmane virus corona niku?

Bapak; Ndhuk virus corona kuwi virus jenis anyar sing ditemokake. Virus iku banget mbebayani nggo wong akeh

Aku ; Oalah ngoten to Pak..kita sedaya kedah ngatos - atos..nggih..Pak.

Bapak: O..iya Ndhuk.

Aku;Pak... kados pundi pencegahan virus corona niku ?

Bapak : Awak dhewe kudu rajin wisuh nggango sabun lan ora salaman ndhisik.

Aku : O..nggih pak.

Ibu : Ndhuk..ndhuk maem ndhisik.

Bapak: Ayo Ndhuk maem.

Aku  : Nggih... Pak...Buk.

Bapak : Ibu lan kowe wisuh ndhisik nganggo sabun.

Ibu lan aku: nggih.. pak



Post a Comment

0 Comments