TEMBANG GAMBUH
Paugerane Tembang Gambuh
➥ Guru gatrane ana 5
Tegese saben pada (bait) dumadi saka 5 gatra (baris).
➥ Guru wilangane 7, 10, 12, 8, 8
Tegese Gatra kapisan dumadi saka pitung wanda (suku kata), gatra kapindho sepuluh wanda, gatra ketelu rolas wondo, lan gatra kaping papat kalian gatra kaping gangsal anduweni wolung wanda.
➥ Guru lagune yaiku u, u, i, u, o
Tegese guru lagu yaiku tibaning swara ana ing pungkasaning gatra. Gatra kapisan kudu dipungkasi nganggo tembung kang ndhuweni swara pungkasan (U). Gatra kapindho dipungkasi swara (U), gatra kaping telu dipungkasi swara (I), gatra kaping papat dipungksi swara (U), lan gatra kaping lima dipungkasi swara (O).
yen kebanjur kojur sayekti tan becik
- Pitutur : nasehat
- Apantes : ora pantes
- Sudra : papa, asor, nistha, ora duwe
- Papeki : sembrana,kurang ngati-ati, sengsara
- Lamun : manawa
- Wuruk : mulang, ngajari
- Pocapan : ucapan, paribasan
- Adigang : ngendel-ngendelake kekuatan ( kidang )
- Adigung : ngendelake keluhurane/derajat ( gajah )
- Adiguna : ngendelake kapinterane ( ula )
- Esthi : gajah
- Sampyoh : bareng
- Umbag : watak,rumangsa luwih
- Kebat : banter
B. Ayo wangsulana pitakonan ing ngisor iki.!
1. Pira cacahe padha tembang Gambuh ing Serat Wulangreh?
2. Sapa sing nganggit Serat Wulangreh Pupuh Gmabuh?
3. Kepriye paugerane Tembang Gambuh iku?
4. Apa surasane Tembang Gambuh padha ka-3?
5. Apa tegese watak adigang, adigung lan adiguna?
0 Comments