Kelas Bu Novi

Kelas Bu Novi
Kelas Bu Novi

   TEKS BERITA IKLAN 

Iklan / pesan 

Inggih punika paring pangertosan dhateng bebrayan agung ( masyarakatan ) ngengingi barang utawi jasa ingkang dipunsade lan dipunpasang ing media masa utawi media elektronika

Syarat ndhapuk iklan : 1. Ukaranipun cekak aos kanthi tembung pilihan ingkang trep, nengsemaken,                                                 sopan  lan nalar  

                                        2. Saget nggugah krenteg kepengin mangertos.

 

Teks iklan :

“Bejo Teko Angin Lungo” 

Makna teks iklan :

“Bejo Teko Angin Lungo” = Bintang Toedjoe (Bejo) datang (masuk) angin pergi.

Berikutnya adalah iklan Bintang tuju masuk angin. Bintang tuju masuk angin masih jenis jamu-jamu juga untuk menolak masuk angin

Bejo tu artinya kek semacam beruntung gitu kalau di Bahasa Jawa.

namun di iklan ini “Bedjoe” = Bintang Toedjoe

Bejo Teko Angin Lungo!
 
 
Wangsulana pitakonan ing ngisor iki!
 
    1. Iklan ing duwur nawakake bab apa?
    ............................................................
    2. Apa manfaate iklan ing duwur?
    ....................................................
    3. Coba gawekna iklan nawakake babagan jasa, kanthi basamu dhewe!
    ........................................................
  
ATUR ATUR 

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Ba’da salam. Nuwun, lumantar serat atur-atur punika, hambok bilih Gusti Allah SWT Ingkang Maha Agung lan Maha Kuwaos ngeparengaken ing samudayanipun, kanthi andhap asoring manah, keparenga kula ngaturi rawuh panjenengan benjing ing:

dinten: Kamis pahing

surya kaping: 29 September 2016

wanci tabuh: 19.30 WIB (ba’da isya)

wonten ing: Griyo kulo Kartiman, Belikurip

Saperlu syukuran wisuda putra kula Wahyu Sejati.(*)

Wasana menggah kepareng rawuh panjenengan, sadereng lan sasampunipun kula sakaluwarga ngaturaken agenging panuwun.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

 

 

 

     Teks dialog atur atur 

Sudarno        : "Kula nuwun ... Pak Ratna"

Pak Ratna     : "Mangga mangga Mas Darno pinarak ......!"

Sudarna        : "Matur nuwun, Pak

                     : Kepareng matur, sowan kula, sepisan silaturahmi tuwi kawilujenganipun Bapak sakula                           warga, kaping kalih kula dipunutus dining Pak Kastawa bilih panjenengan benjang dinten                        Ahad, 18 Juli 2021 kasuwun rawuh wonten dalemipun Bapak Kastawa saperlu paring idi                        pangestu angenipun Pak Kastawa netakaken putranipun ingkang asma Mas Bagas                                   Riyawan."

Pak Ratna      : "Inggih, Matur nuwun" 


Post a Comment

0 Comments