Kelas Bu Novi

Kelas Bu Novi
Kelas Bu Novi

 DASANAMA LAN PARIKAN 

 


 

Dasanama

Dasanama yaiku tembung-tembung kang nunggal teges (padha utawa meh padha tegese). Gegandhengan ing basa Jawa ana warna basa kang manut unggah-ungguh ing bisa kaprinci dadi pirang-pirang warna, mula ana tembung sepuluh, luweh utawa kurang saka sepuluh nanging sing nunggal teges.

Dasanama ing bahasa Indonesia asring diarani sinonim utawa persamaan kata. Umpamane;

"arga, giri, bukita, prabata, meru, wukir, himawan, redi, aldaka, hardi."


Sakabehe tembung-tembung ing ndhuwur iku tegese padha, yaiku; gunung.

Wong kang nedya ngrepta tembang, kudu sugih kawruh Dasanama, supaya ora kacipuhan tibaning guru lagune siji-sijining tembang.

"Dasanama berasal dari kata dalam bahasa Jawa; dasa = sepuluh, dan nama. yang bila diartikan, yaitu sepuluh nama. Sepuluh menurut masyarakat jawa diartikan banyak, jadi dasanama memiliki arti banyak nama yang memiliki arti sama."

Tembung Dasanama


No
Dasanamane Tembung
1
Alas dasanamane, yaiku wana, setra, sabin
2
Anak dasanamane, yaiku atmaja, putra, siwi, sunu, suta, weka, yoga, tanaya
3
Angin dasanamane, yaiku bayu, bajra, maruta, pawana, prabancana, prahara, barat, samirana, sindhung riwut
4
Angkasa dasanamane, yaiku akasa, awiyat, dirgantara, wihaya
5
Ati dasanamane, yaiku driya, galih, manah, nala, kalbu, prana, tyas, wardaya
6
Awak dasanamane, yaiku angga, badan, deha, salira, sarira, raga, wanda
7
Bapak dasanamane, yaiku bapa, sudarma, sudarmi, rama, abi, yayah
8
Banyu dasanamane, yaiku her, jala, warih, we, ranu, sindu, tirta, toya
9
Baskara dasanamane, yaiku srengenge, arka, aruna, bagaspati, diwangkara, surya, prabangkara, prabakara, pradanggapati, andakara
10
Bodho dasanamane, yaiku blilu, dama, mudha, kumprung, koplo, jugul, pengung, punggung
11
Bumi dasanamane, yaiku bantala, basundara, basundari, bawana, buwana, buntala, kisma, mandhala, pratala, pratiwi, lemah
12
Buta dasanamane, yaiku asura, danuja, danawa, ditya, raseksa, yaksa, wil, kala, diyu, druwiksa, kelana
13
Dalan dasanamane, yaiku delanggung, embong, gili, lurung, marga, margi, margana, ratan, sopana
14
Dewa dasanamane, yaiku apsara, apsari, bethara, dewata, sura, hyang, jawata, widadara, jiwandana
15
Gajah dasanamane, yaiku asti, dwipangga, dwipa, dwirada, dwirapa, danti, dirada, esthi, liman
16
Gawe dasanamane, yaiku kardi, karti, kirta, kirti, kirtya, karya, yasa
17
Geni dasanamane, yaiku agni, api, apyu, brama, dahana, grama, pawaka
18
Getih dasanamane, yaiku ludira, rah, rudira, marus
19
Gunung dasanamane, yaiku aldaka, ancala, acala, arga, ardi, arditi, giri, himawan, meru, pamata, prabata, redi, wukir
20
Ibu dasanamane, yaiku biyang, biyung, indhung, puyengan, rena, umi, wibi, embok
21
Ireng dasanamane, yaiku cemeng, cemani, jlitheng, kresna, langking
22
Irung dasanamane, yaiku grana
23
Iwak dasanamane, yaiku matswa, mina, ulam
24
Jaran dasanamane, yaiku aswa, kapal, kuda, turangga, wajik
25
Jeneng dasanamane, yaiku asma, aran, jejuluk, tetenger, rum-rum, wewangi
26
Jeruk dasanamane, yaiku jeram
27
Kali dasanamane, yaiku lepen, narmada, nadi
28
Kaya dasanamane, yaiku kadi, kadya, lir, mimba, pendah, pindha
29
Kembang dasanamane, yaiku kusuma, sekar, puspita, puspa
30
Ketok dasanamane, yaiku katon, ketingal
31
Keris dasanamane, yaiku curiga, cudrik, katga, patrem
32
Kethek dasanamane, yaiku juris, kapi, kowe, palwaga, rewanda, wanara, wre
33
Kreta dasanamane, yaiku rata, ratangga, pedhati, wimawa, yana
34
Kraton dasanamane, yaiku dhatulaya, kedhaton, pura, puri
35
Kayu dasanamane, yaiku wit, taru
36
Kulon dasanamane, yaiku baruna, kulwan, pracima
37
Kuning dasanamane, yaiku jenar, kapuranta, pita
38
Lanang dasanamane, yaiku jaler, jalu, kakung, priya
39
Langit dasanamane, yaiku akasa, antariksa, awang-awang, bomantara, dirgantara, gegana, jumantara, tawang, widik-widik, wiyati, wyat
40
Lagi dasanamane, yaiku sawek,nembe
41
Laku dasanamane, yaiku payu, laris
42
Lara dasanamane, yaiku gerah, gering, mriyang, roga, sakit
43
Lintang dasanamane, yaiku daru, kartika, sasadara, sudama, taranggana, wintang
44
Macan dasanamane, yaiku sardhula,sima
45
Manak dasanamane, yaiku nglairake anak
46
Manuk dasanamane, yaiku kaga, kukila, paksi, peksi, wihaga, wihanggama
47
Mata dasanamane, yaiku eksi, mripat, netra, paningal, soca
48
Mati dasanamane, yaiku antaka, ngemasi, lalis, lampus, layon, lena, murud, palastra, seda, mancal donya
49
Mayit dasanamane, yaiku bangke, jisim, kunarpa, kuwanda, sawa, wangke
50
Misuwur dasanamane, yaiku kaloka, misuwur, kawentar, kongas, kombul, kasusra, pratita, prakasita, kaonang-onang
51
Omah dasanamane, yaiku graha, griya, panti, wisma, yasa
52
Padu dasanamane, yaiku crah, congkrah, padudon, sulaya
53
Pandhita dasanamane, yaiku ajar, dwija, dwijawara, maharsi, resi, wiku, wipra, yogiswara
54
Peni dasanamane, yaiku apik, becik, edi, endah
55
Perang dasanamane, yaiku jurit, laga, pupuh, rana, brantayuda, yuda
56
Pinter dasanamane, yaiku guna, lebda, limpat, wasis, widagda, widura, wignya
57
Ratu dasanamane, yaiku aji, buminata, bumipala, dhatu, katong, naradipa, narpati, narendra, nareswara, nata, raja, sri, sribupati
58
Rembulan dasanamane, yaiku badra, candra, sasadhara, sasangka, sasi, sitaresmi, sitengsu, wulan, soma
59
Sedhih dasanamane, yaiku dhuhkita, kingkin, rudatin, rudhita, sungkawa, susah, tikbra, turidha, wigena
60
Segara dasanamane, yaiku ernawa, jaladri, jalanidhi, samodra, tasik, udaya
61
Slamet dasanamane, yaiku basuki, raharja, rahayu, swasta, yuwana, widada
62
Srengenge dasanamane, yaiku arka, aruna, bagaspati, diwangkara, surya, prabangkara, prabakara pradanggapati, andakara pratanggakara, radhite, raditya, rawi, surya
63
Soma dasanamane, yaiku rembulan, Senen
64
Tiyang dasanamane, yaiku jalma, jana, manungsa, manus, manuswa, manungsa, nara, wong
65
Ula dasanamane, yaiku sarpa, sawer, naga, taksaka, wyala
66
Wadon dasanamane, yaiku dayinta, dyah, estri, juwita, gini, kusuma, retna, rini, wanita, wanodya, putri, setri
67
Wana dasanamane, yaiku alas, sabin
68
Wanadri dasanamane, yaiku alas gedhe
69
Wanakirun dasanamane, yaiku arane malaikat kang tunggu kubur
70
Wanara dasanamane, yaiku kethek, we, juris, kapi, kowe
71
Wanari dasanamane, yaiku kethek wadon
72
Wanantara dasanamane, yaiku alas gedhe
73
Wanda dasanamane, yaiku awak, perangane tembung
67
Wande dasanamane, yaiku warung
68
Wandawa dasanamane, yaiku sanak sedulur
69
Wasis dasanamane, yaiku pinter, lebda, widagda, limpat, widura, wignya, guna, limpat
70
Weruh dasanamane, yaiku anom, priksa, udani, upiksa, uninga, wihikan, wikan, wiruh, wruri, wrin, wuninga
71
Wicara dasanamane, yaiku catur, gunem, ucap, omong, uni
72
Wong dasanamane, yaiku jalma, jana, manungsa, manus, manuswa, manungsa, nara, tiyang
73
Wudhu dasanamane, yaiku ora payu, ora laku

 

Dasanama Jeneng Wayang

1. Janaka = Pamade, Arjuna, Premadi, Pamadya, Parta, Palguna, Margana, Endraputra, Endratanaya, Endrakusuma, Jlamprong, Kombang Ali-Ali, Gendreh Kemasan, Satriya Madukara, Prabu Kariti, Bambang Wijanarka, Cipta Hening, Begawan Mintaraga, Dananjaya.
2. Gathutkaca = Guritna, Tetuka, Rimbatmaja, Arimbiputra, Krincing Wesi, Purbaya, Bimasuta, Satriya Pringgondani.

3. Werkudara = Bima, Sena, Wijasena, Bratasena, Bilawa, Bayuputra, Bayu Aji, Harya Panenggak.

4. Puntadewa: Yudhistira, Wijakangka, Ajatasatru, Darmaputra, Darmakusuma, Darma Aji, Sami Aji, Guna Talikrama
5. Kresna = Prabu Dwarawati, Narayana, Padmanaba, Kesawa, Arimurti, Wisnumurti, Wasudewaputra, Wreswinira, Narasinga, Jalitheng, Sang Waskita.

6. Semar = Badranaya, Nayantaka, Ismaya, Sukma Sejati, Sukma Ekalaya, Boga Sampir, Dhudha Manang-munung, Mayajati.

7. Guru = Jagatnata, Girinata, Hyang Siwah, Hyang Jagat Pratingkah, Ciwa Mahadewa, Ciwa Guru.
8. Abimanyu = Ongkowijoyo, Sang Pangaribawa, Aribawana, Pengalasan, Satriya Tanjunganom, Satriya Plangkawati, Partatanaya.
9. Duryudana: Kurupati, Jaka Pitana, Gendarisuta, Destratmaja, Tri Panangsah, Gendaraputra, Kurendra Nata.
10. Baladewa = Baiararna, Kakrasana, Wasi Jaladara, Wasudewaputra, Prabu Mandura, Brahma Murti.


 

Parikan

 


Parikan yaiku unen-unen sing dumadi saka, rong gatra (larik) utawa patang gatra. Menawa dumadi saka rong gatra, gatra sepisan iku awujud purwaka, gatra kaping pindho awujud isi (maksude). Manawa, dumadi saka patang gatra, gatra kapisanlan kapindho awujud purwaka, gatra kaping telu lan gatra kaping papat awujud isine. Parikan dalam bahasa Indonesia disebut pantun

Ciri-Ciri Parikan

a. Nggunakake purwakanthi guru swara
b. kadadeyan saka 2 ukara
c. ukara kapisan pambuka / sampiran , lan ukara kapindho isi / surasane
d. Saben sak ukara dumadi saka 2 gatra

Tuladha :

Manuk emprit , nucuk pari
Dadi murid , kudu taberi

Parikan Jowo Nasehat

(Parikan rong gatra)
"Manuk emprit mencok pager
Mulang murid, murih pinter"

"Wajik klethik gula jawa
Kalah dhisik, ora papa"

"Wajik klethik, gula jawa
Luwih becik, sing prasaja"

"Tawon madu ngisep sekar
Calon guru, kudu sabar"

"Kembang menur ditandur ing pinggir sumur
Yen wes makmur aja lali mring sedulur"

"Semarang kaline banjir
Aja sumelang ora dipikir"

"Ana brambang sasen lima
Berjuwang labuh nagara"

"Tawon ngentup siseh gulu
Pejabat korup, ojo ditiru"

"Ngasah arit, nganti landhep
Dadi murid, kudu sregep"

"Kembang salak tanpa ganda
Sing sumanak marang kanca"

(Parikan patang gatra)
"Gunung Mrapi gunung Merbabu
kali Praga agung banyune
Mangga sami greget sinau
ngangsu kawruh akeh gunane"

"Kali Srayu ngidul iline
kali Praga agung banyune
Ngangsu kawruh akeh gunane
tumrap bangsa aku Ian kowe"

"Surakarta prenahe wetan
Surabaya rame kuthane
Aja padha kesed-kesedan
lha yen kesed kapan pintere"

"Jangan kacang jangan kara
kladuk uyah kurang gula
Piwelingku mring pra mudha
aja wedi ing rekasa"

"Sega punar lawuh empal
segane penganten anyar
Dadi murid aja nakal
kudu ulah ati sabar"

"Bibi Surip tuku klobot
pethuk encik tawa roti
Uwong urip pancen abot
mulo becik ngati-ati"

"Gawe cao nangka sabrang
kurang setrup luwih banyu
Aja awatak gumampang
ing atase calon guru"

Parikan Jowo Sindiran kanca lan Parikan Jawa Lucu

"Sambel trasi wadahe besek
Awake seksi, irunge pesek"

"Sepet sepet sawone mentah
Diempet empet, selak ora betah"

"Ono kodok ketatap koco
Yen wes mbadok, lali ro konco"

"Kutha Kendal Kaliwungu
Ajar kenal karo aku"

"Jambu apa jeruk
Aku melu apa entuk"

"Abang-abang gendera landa
Ana ijo kok milih putih
Bujang maneh ora ngluyura
Sing wis duwe bojo ora tau mulih"

"Iso ngendhang ra iso nyuling
Iso nyawang ra iso nyanding"

"Sambel trasi sambel terong
Awake seksi, bathuke nonong"

"Kembang suket mekare sore
Ndasku mumet, mikirne kowe"

"Wit gedhang cacahe telu
Cintaku terhalang, brengose bapakmu"

"Golek banyu tekan Jerman
Ora kudu ayu, penting nyaman"

"Jogja Malang Ponorogo
Kadung sayang, ora wani kondo"

"Mangan gethuk marai lemu
Senajan ngantuk, tak enteni balesan chatmu"

"Tukang parkir lagi wedakan
Sing dipikir, sibuk gendakan"

"Wedang bubuk gula jawa
Yen kepethuk, ati lega"

"Godhong kecipir mrambat kawat
Najan gak mampir, nanging lewat"

"Mbah kakung putune ayu
Arep ditembung, wonge mlayu"

"Ngingu wedhus digawekno pager
Wong bar adus, lak mesti seger"

 

 

Post a Comment

0 Comments