Kelas Bu Novi

Kelas Bu Novi
Kelas Bu Novi

 Menyusun teks berita

 


 Pawarta

Yaiku katrangan kang bisa menehi pangerten ngenani sawijining kahanan
wujude pawarta: Lisan lan tulisan 
 
1. Lisan bisa digiyarake lumantar radio, tv, speker, uga bisa liwat internet.
2. Tulisan bisa kaemot ana ing kalawarti ( majalah ), layang kabar ( ariwarti ), imternet utawa  HP. 

    Pawarta iku nduweni sipat: 

  • 1. Faktual ( nyata )
  • 2. Aktual ( anyar )
  • 3. Obyektif ( ora mihak )

Sadurunge nulis pawarta, luwih dhisik gawe cengkorongan teks pawarta kang mesthine kudu nggatekake unsur 5W + 1H kanggo nggampangake anggone nulis pawarta kanthi jangkep.

Cengkorongan pawarta:

  1. Nemtokake tema / undheraning prakara/ prastawa
  2. Arane Judhul/irah-irahan
  3. Unsur Pawarta:
  • Apa :
  • Pawartane bab apa.
  • Apa kang nyebabake pawarta/kedadeyan iku.
  • Apa wae kang katut ing prastawa mau.
  • Apa kang dadi tujuwane.
  • Sapa
  • Sapa paragane
  • Sapa sing dikenani
  • Sapa sing nulung, lan liya-liyane
  • Kapan
  • Kapan kedadeyane
  • Kapan pawarta iku dumadi
  • Geneya/apa sebabe
  • Apa sebabe kok bisa mangkono
  • Geneya kok bisa mangkono
  • Penyebabe prastawa iku apa
  • Ing ngendi
  • Ing ngendi kedadeyane
  • Ing ngendi prastawa mau
  • Ing ngendi wae pawarta iku mau
  • Kepriye kisah critane/larah-larahe.
  • Kepriye urut-urutane pawarta/ critane
  • Urut-urutane kedadeyane  

 Membaca teknik berita

Miturut Bausastra Kamus Lengkap Basa Jawa anggitane Sudarmanto (2008:185), tembung maca mengku teges maos (basa krama), diucapake tumraping lapal, nyuwarakake maksud, lan sapiturute.

Nalika maca pawarta kudu nggatekake swara/vokal, lagu, lafal, lan tandha wacan. 

 

UKARA LAMBA LAN UKARA CAMBORAN 

1.       Ukara lamba (kal. tunggal)
Ukara kang gagasane mung siji kang dumadi saka J (jejer) lan W (wasesa)
Tuladha : Bapak nembe sare.
                        J              W
                   Ani nyapu latar.
                   J        W       L
                   Ibu mundhut sayuran ing peken.
                      J         W            L             Kat. Papan
                   Dina Selasa Mas Joni kelangan jaket.
                    Kat. Wektu        J               W          L

2.       Ukara camboran (kal. majemuk)
Ukara kang gagasane luwih saka siji, Jejer lan wasesane luwih saka siji.
Tuladha:
1.       Nalika simbah(J) rawuh(w), aku(J) lagi sinau(W).
2.       Ibu (j) maos(w) koran(L) dene bapak(J) mriksani(W) TV(L)  
 
I. Ukara ing ngandhap punika kalebet ukara lamba menapa ukara camboran?
     
    1. Bu Narti gerah astanipun. ( ............. )
    2. Ibu tindak dhateng Solo (..............)
    3. Warsita krungu, jare Iwan arep pindhah sekolah ( .............. )
    4. Aku teka nalika, dheweke lagi turu ( ............... )
    5. Sanajan wis tua, Lik Sumar isih sregep golek kawruh. ( .............. )
 
II. Ukara camboran ing ngandhap punika udharana dadi ukara lamba!
 
    1. Ibu ngendika yen simbah arep rawuh mrene mengko sore
        a ...................................................
        b ...................................................
    2. Sanajan wingi sore khahanan udan, para siswa tetep mangkat gladhen karawitan
        a  ..................................................
        b ...................................................
    3. Aku lan kancaku nonton TV pertandingan bal-balan Piala Eropa.
        a ...................................................
        b ...................................................
  

 

 

 

Post a Comment

0 Comments