Kelas Bu Novi

Kelas Bu Novi
Kelas Bu Novi

 TEKS BERITA 

 Wisata Alam Posong Temanggung, Melihat Indahnya 7 Gunung saat Sunrise 

  1. Teks Berita

A. Pawarta

 WISATA ALAM POSONG

     TEMANGGUNG

Posong dumunung ing desa Tlahap Kecamatan Kledung  Temanggung. Wilayah Posong iki mujudake tlatah lahan pertanian penduduk ing lereng Gunung Sindoro.Wiwit taun 2007 wis ditekani dening plancong ana sing teka saka Jogja, Semarang lan Bandung, sing saka warga Temanggung dhewe durung akeh sing kenal. Mula wiwit  taun 2010  pemerentah Kabupaten Temanggung lewat  masyarakat Desa Tlahab kang dimotori dening  Pecinta Alam Jogokerso lan  Dinas Pariwisata Kabupaten Temanggung wiwit ngenalake/ mromosekake wisata alam Posong. Yen arep tekan lokasi saka kutha Parakan kurang luwih 6 km liwat Tlahap Kledung. Saka Tlahap dalane isih trasahan durung aspal lan bisane mung kanggo liwat mobil siji, lha nalikane ana mobil pethukan salah sijine kudu ngalah minggir lan mandheg dhisik. Wisata Alam Posong  nonton pemandhangan alam kang endah yaiku panorama kang bisa nyawang 6 gunung yaiku: Gunung Sindoro, Gunung Sumbing, Gunung Merapi, Gunung Merbabu, Gunung Andong dan Gunung Ungaran. Menawa ngepasi langit cerah ora mendhung nek esuk bisa nonton kaendahane srengenge jumedhul utawa istilahe sunrise, kang jumedhul saka antarane gunung gunung kasebut. Uga lokasi kang ana ing tengahing lahan pertanian tanpa ana omah penduduk saingga swasana kaya-kaya nyawiji karo alam. Nalika arep munggah Gunung Sindoro mung mbutuhake wektu udakara 3 jam. Ing papan kene wis disedhiyakake 3  pavilion kang amba kanthi pemandhangan asri, WC (water close) lan mushola sarta warung kopi kanthi menu kopi tubruk lan mendhoan / tempe goreng, kang dikelola dening Zuniyanto saka Pecinta Alam Jogokerso. Kanggo mlebu ing papan wisata dikenani ongkos  kontribusi Rp. 5.000,- /uwong lan Rp. 7.500,- kanggo  parkir sepeda motor. Ing  musim liburan iki  pengunjung biasane akeh. Ing wulan Juni 2016 pengunjung kacathet nganti 2.500 uwong.

Miturut Zuniyanto saka Pecinta Alam Jogokerso kang uga pengelola obyek wisata Posong, tembung  Posong asale saka tembung Pos sing kosong , yaiku bagian saka  epik / cerita perang Pangeran Diponegoro lawan Walanda. Nalika  pasukan Pangeran Diponegoro wis kadhesek ing Magelang lan Temanggung, akeh tentara kang ngedhegage pos gerilya ing lereng gunung. Salah sijine ngedhegage pos ing lereng  Gunung Sindoro ing ndhuwure  Desa Tlahab. Jalaran pos iki penting banget mula Walanda lan pasukane ngrancang nyerang pos kang ana ing Desa Tlahap. Nalika pasukan Walanda wis nyerang lan ngepung pos kasebut jebul pos wis ditinggalake dening tentara Pangeran Diponegoro  lan pasukan Walanda mung menangi  pos kang kosong, mula dadi jeneng POSONG.

Sakliyane nawakake  pemandangan kang endah, Pecinta Alam Jogokerso uga nawakake  paket wisata ing antarane nginep ing  Posong kanthi sarapan ala Tlahab karo Sega Jagung, outbond ing hutan Perhutani (300 m sak ndhuwure Posong) kanthi 6 permainan, wiwit saka” turun tebing, flaying fox, jembatan Aldewis  lan dolanan kang apik liyane”.Kanthi  tarif Rp. 15.000,-/uwong  per permainan. Kang luwih seru yaiku paket budaya, kanthi suguhan  kesenian Kuda Lumping lan Lengger kang suwene 2 jam, lan biasane penonton bisa kesetrum melu njoget utawa melu nabuh. Kanggo paket budaya biasane kanthi tarif Rp. 1.500.000,-.

 

  1. Pengertian Teks Berita

Pawarta/berita/kabar yaiku laporan kedadeyan utawa prastawa kang narik kawigaten lan disiyarake kanthi cepet lumantar radhio, tivi, internet, lan mediya liyane. Sumber pawarta yaiku asal usule pakabaran utawa laporan kedadeyan, bisa saka manungsa, lan prastawa/peristiwa kang dumadi wektu iku.

Miturut Bausastra Jawa anggitane S.Prawiro Atmodjo (1998:321) pawarta mengku teges kabar, warta. Ing Kamus Lengkap Basa Jawa anggitane Sudarmanto (2008:387) pawarta tegese wartos (basa krama), kabar, warta. Mangunsuwito (2002: 283) pawarta tegese padha karo pawartos (basa krama), kabar, pakabaran.

  1. Jenis-jenis Media Berita
    1. Pawarta kang kasiyarake lumantar media elektronik, kayata: radhio, tivi, internet.
    2. Pawarta kang kasiyarake lumantar media cetak, kayata: ariwarti (koran), kalawarti (majalah, tabloid, lan liya-liyane).
  2. Tujuan Berita

Ancasane menehi pawarta lumantar media elektronik utawa media cetak yaiku supaya pawarta, pakabaran, prastawa kang lagi dumadi/aktual bisa cepet dingerteni dening masarakat, saengga masarakat kasebut tanggap marang prastawa utawa kedadeyan mau.

  1. Unsur Pokok Teks Berita

Unsur utawa perangan-perangan pokok pawarta ana enem kang diarani 5W + 1H. Cekakan iki saka basa manca (Inggris) yaiku What (apa), Who (sapa), When (kapan), Where (ing ngendi) lan Why (kena apa, apa sebabe). Dene H cekakan saka How (kepiye lumakune crita, pawarta). Enem unsur kasebut ora bisa dilirwakake/dilalekake menawa para siswa menehi pawarta.

Carane nemokake pokok-pokok berita/pawarta yaiku:

  1. Konsentrasi
  2. Mangerteni pesan pokok saben ukara/kalimat
  3. Nyathet bab-bab kang wigati/penting saka pawarta mau
  4. Nerangake/ngandharake kanthi ringkes sakapokok-pokok pawarta mau

B. Ayo wangsulana pitakonan ing ngisor iki

    1. Ing ngendi papan dununge Posong? 

    .............................................................

    2. Kepriye kahanane dalan nuju ing Posong?

    .............................................................

    3. Opo wae kang bisa ditonton ing Posong?

    .............................................................

    4. Paket wisata opo wae kang ditawakake ing Posong?

    .............................................................

    5. Critakna kanthi ringkes bab Posong saka tembung apa lan tegese?

    ............................................................

Post a Comment

0 Comments