Kelas Bu Novi

Kelas Bu Novi
Kelas Bu Novi

 UNGGAH UNGGUHING BASA 

 

 

 TULADHA - TULADHA 

1. Basa Ngoko Lugu

    a. Adhiku wis mulih sekolah jam 14.00 mau.

    b. Sawise adus, aku banjur maem lan budhal sekolah.

2. Basa ngoko alus 

    a. Simbah gerah mula ngunjuk obat.

    b. Ibu kondur saka pasar, ngasta jajan.

3. Basa krama Lugu

    a. Adhikula sampun wangsul sekolah jam 14.00 wau

    b. Sasampunipun adus, kula lajeng nedha lan bidhal sekolah.

4. Basa krama inggil

    a. Simbah gerah mila ngunjuk obat.

    b. Ibu kondur saking peken, ngasta jajan.

 

Ngoko

Krama

Krama Inggil

Adus

adus

siram

Maem

nedha

dhahar

Tuku

tumbas

mundhut

Mulih

wangsul

kondur

Turu

tilem

sare

Omah

griya

dalem

Nggawa

ngasta

ngasta

Lunga

kesah

tindak

 

Ukara basa ngoko alus punika kadadosna basa karma inggil!

1.       Ibu tidak pasar mudhut beras ketan.

………………………………………………………

2.       Simbah maringi aku dhuwit nalika dina riyaya.

……………………………………………………………………..

3.       Pak Abdul gerah wetenge, amarga dhahar kluban karo sambel.

……………………………………………………………………………………………….

4.       Pak Kasto yuswane wis tuwa, naming isih bisa maos tanpa ngagem kacamata.

…………………………………………………………………………………………………………………….

5.       Bu Dewi dhawuh supaya sesuk para siswa nganggo seragam OSIS.

……………………………………………………………………………………………………

 

 

 

Post a Comment

0 Comments