Kelas Bu Novi

Kelas Bu Novi
Kelas Bu Novi

 Apa sing kongerteni Babagan legenda?

Legenda yaiku Crita kang kegandengan karo dumadine sawijining panggonan

Penjelasan:

• Crita kang kegandengan karo dumadine sawijining panggonan arane Legenda

• Tuladha : Legenda Rawa Pening, legenda Tangkuban Parahu, legenda Danau 

 

 
A. Ayo diwaca carita Legenda ing ngisor iki

 Asal-usul Sumur Blandhung

Mula bukane Sumur Blandung kuwi, sawijining dina ana petani jenenge Pak Pahing akon anake yaiku Kliwon supaya angon wedhus, nanging ora gelem nunggoni wedhuse malah dolan nonton.Pak Pahing weruh wedhuse ora ditunggoni Kliwon, dheweke banjur nesu,wedhuse digawa mulih.Tekan omah Kliwon diseneni nanging meneng wae, amarga ora direwes Pak Pahing nesune saya muntap banjur Kliwon ditundhung saka omah. Kliwon lunga mangalor tekan Gunung Lawu. Ing papan kuwi ana pondok pesantren. Kliwon mapan lan maguru ing pesantren kuwi.

Sumur Blandhung digawe nalika jaman Hindhu-Budha kerajaan Majapahit abad 13-14. Sumur Blandung pancen sengaja digawe penduduk banyune kanggo kaperluan padinan.

Sawijining bengi ing padhepokan kuwi ana guru nggawe tandha kanthi cara sarung dibundheli pucuke. Ing kono cacahing sarung akeh nanging sing dibundheli mung siji. Esuke sawise para santri resik-resik, guru ndhawuhi para santri ing pesantren kuwi supaya njupuk sarung ing tumpukan. Sawise kabeh padha njupuk, pranyata sing njupuk sarung ana tandhane iku Kliwon. Guru iku banjur ndhawuhi Kliwon supaya lunga menyang Majapahit amarga Kliwon wis cukup ilmune lan kabeh ilmu sing diduweni gurune wis diwenehake kabeh marang dheweke. Kliwon banjur lunga menyang Majapahit. Ing Majapahit ana punggawa kerajaan sing duwe anak wadon sing jenenge Mayasari rupane ayu nanging lagi nandhang lelara lan durung ana sing bisa nambani. Amarga nduweni ilmu sing cukup dhuwur Kliwon bisa nambani putri mau saka larane. Amarga lelabuhane iku Kliwon didhaupke karo Mayasari lan diwenehi kalungguhan.

Sawise dhaup karo Mayasari, Kliwon didhawuhi mulih menyang panggonan asale lan nggawe kadipaten, papan iku saya suwe saya rame dadi pasar. Pak Pahing bapake Kliwon uga dadi bakul dhawet lan dodolane laris banget. Ing sawijining dina Kliwon weruh bapake lagi dodolan banjur marani. Pak Pahing ora ngerti yen sing marani iku Kliwon anake sing wis suwe lunga amarga Kliwon saiki wis dadi bangsawan lan ganti jeneng. Kliwon omong-omongan karo Pak Pahing takon ngenani kaluwargane. Wusanane Kliwon omong nek dheweke iku anake Pak Pahing. Pak Pahing kaget ora nduga yen anake dadi bangsawan.

Mangerteni bab iku Mayasari dadi isin, dheweke bali menyang Majapahit. Nanging tekan Majapahit dheweke dikon bali meneh menyang bojone. Mayasari banjur bali meneh menyang Kliwon. Dheweke rumangsa sedhih banjur arep nglalu kanthi cara nggantung utawa nggandhul, ananging ora mati. Mula papan sing digunakake kanggo nglalu Mayasari iku dijenengi Gandhulan. Mayasari banjur mlayu menyang sawijining papan, ing kono dheweke lara nglebag-nglebag nganti tumekane pati . Mula papan iku dijenengi Mlibak.

Mangerteni kahanan kuwi Kliwon sedhih banget, sawise Mayasari mati kadipaten iku wargane padha nandhang lelara. Amarga Kliwon ilmune dhuwur dheweke ngerti kepriye carane nanggulangi kahanan iku. Dheweke banjur akon rakyate supaya gawe sumur ing wadhas utawa watu-watu. Banyu sing metu saka sumur iku manjur bisa kanggo ngobati wong-wong sing lara. Sumur iku diarani Sumur Blandhung.Sumur Blandhung iku mapan ing desa Tegowanuh, Kaloran, Temanggung.

DAFTAR PUSTAKA

Priyantono, Sawukir. 2015. Marsudi Basa lan Sastra Jawa kanggo SMP/MTs Kelas VIII Jilid I. Jakarta:Erlangga.

Tim MGMP Basa Jawa Temanggung. 2019. Pancadan Sinau Basa Jawa kangge SMP Kelas VIII.

 

 

B. Negesi tembung tembung kang angel

NO

Tembung

Tegese

1

Mula bukane

Asal usul

2

Direwes

…………………………………….

3

Ditundhung

…………………………………..

4

Pesantren

……………………………………

5

Padhepokan

…………………………………..

6

Lelabuhan

………………………………….

7

Ngenani

…………………………………

8

Bangsawan

………………………………….

9

Tumekane pati

………………………………….

10

Nglebag

…………………………………..

 

C. Pitakenan ing ngandhap punika kawangsulana kanthi basa Krama!

1. Ing jaman kerajaan pundi Sumur Blandhung kadamel?

2. Sinten asma bapakipun Kliwon?

3. Kenging menapa bapakipun Kliwon duka?

4. Wonten ing pundi papanipun Sumur Blandhung punika?

5. Menapa ancas tujuwanipun dipundamel Sumur Blandhung?


Post a Comment

0 Comments