Kelas Bu Novi

Kelas Bu Novi
Kelas Bu Novi

TEKS PIWULANG SERAT WULANGREH PUPUH KINANTHI

 

TEMBANG KINANTHI LAN PAUGERANE

  


Tembang kinanthi iku nggambarake mangsa nalika manungsa wus mangun bale wisma (rabi), urip rukun tentrem ayem karo kaluwargane. Kinanthi iku saemper karo tembung kanthi, kekanthen, gandheng. Tegese minangka kuwajibane wong tuwa kudu bias nuntun putrane supaya tumindak ora nalisir saka bebener.

PATHOKANE TEMBANG KINANTHI
Tembang kinanthi nduweni paugeran tembang, yaiku:
Guru gatra  : 6
Guru lagu               : u, i, a, i, a, i
Guru wilangan        : 8, 8, 8, 8, 8, 8
Tembang kinanthi nduwene watak sarwa seneng, bungah, asih, gumolong, atut runtut renteng-renteng reruntungan. Mula biasane kanggo ngandharake pitutur luhur, rasa tresna asih. Uga digunakake kanggo gandrung lan aweh pitutur.

Serat Wulangreh Pupuh Kinanthi


K I N A N T H I

01

Padha gulangen ing kalbu, ing sasmita amrih lantip, aja pijer mangan nendra, kaprawiran den kaesthi pesunen sariranira, sudanen dhahar lan guling.

Kalian biasakanlah megasah kalbu, agar (pikiranmu) tajam menangkap isyarat, jangan hanaya selalu makan dan tidur, jangkaulah sikap kepahlawanan, latihlah dirimu dengan mengurangi makan dan minum.

02

Dadiya lakunireku, cegah dhahar lawan guling, lawan aja asukan-sukan, anganggoa sawatawis, ala watake wong suka, suda prayitnaning batin.

Jadikan sebagai lelakon, kurangi makan dan tidur, jangan gemar berpesta pora, gunakan seperlunya (karena) tabiat orang yang gemar berpesta pora adalah berkurangnya kepekaan batin.

03

Yen wus tinitah wong agung, aja sira gumunggung dhiri, aja raket lan wong ala, kang ala lakunireku, nora wurung ngajak-ajak, satemah anenulari.

Jika kau sudah ditakdirkan menjadi pembesar, janganlah menyombongkan diri, jangan kau dekati orang yang memiliki tabiat buruk dan bertingkah laku tidak baik, sebab suka atau tidak suka (hal itu) akan menular padamu.

04

Nadyan asor wijilipun, yen kelakuane becik, utawa sugih carita, carita kang dadi misil, iku pantes raketana, darapon mundhak kang budi.

Sekalipun berasal dari keturunan kelas bawah, namun memiliki kelakuan yang baik atau memiliki banyak cerita yang berisi (berguna), dia patut kau gauli, (hal itu) akan menambah kebijaksanaanmu.

05

Yen wong anom pan wus tamtu, manut marang kang ngadhepi, yen kang ngadhep akeh bangsat, nora wurung bisa anjuti, yen kang ngadhep keh durjana, nora wurung bisa maling.

Jika masih muda, biasanya mengikuti lingkungan, jika di lingkungan itu banyak penjahat, maka jahatnla ia. Jika di lingkungannya banyak pencuri, maka ia pun pandai mencuri.

06

Sanadyan ta nora melu, pasthi wruh solahing maling, kaya mangkono sabarang, panggawe ala puniki, sok weruha nuli bisa, iku panuntuning eblis.

Meskipun tidak ikut (mencuri) pasti mengetahui bagaimana cara mencuri. Demikanlah (karakter) semua perbuatan jelek, awalnya hanya tahu, kemudian bisa melakukan, itulah bujukan iblis.

07

Panggawe becik puniku, gampang yen wus den lakoni, angel yen durung kalakyan, aras-arasen nglakoni, tur iku den lakonana, mupangati badaneki.

Perbuatan yang benar itu akan mudah jika sudah dilaksanakan, terasa sulit jika belum dilakukan, enggan melaksanakan, namun jika dilakukan (hal itu) akan bermanfaat bagi jiwa raga kita.

08

Yen wong anom-anom iku, kang kanggo ing masa iki, andhap asor kang den simpar, umbag gumunggunging dhiri, obral umuk kang den gulang, kumenthus lawan kumaki.

Para pemuda di masa sekarang meninggalkan sopan santun dan rendah hati, sebaliknya mengumbar kesombongan dan tinggi hati.

09

Sapa sira sapa ingsun, angalunyat sarta edir, iku wewatone uga, nom-noman adoh wong becik, emoh angrungu carita, carita ala miwah becik.

Tidak mengenal teman satu sama lain, kurang ajar, dan congkak, itu juga kebiasaannya, para pemuda menjauhi orang yang berperilaku baik, tidak mau mendengar cerita yang baik maupun cerita yang jelek.

10

Cerita pan wus kalaku, panggawe ala lan becik, tindak bener ala lan ora, kalebu jro cariteki, mulane aran carita, kabeh-kabeh den kawruhi.

Adapun erita yang sudah terjadi, adalah perbuatan baik dan buruk, tingkah laku benar dan tidak benar termasuk ke dalam jenis cerita, oleh karena itu disebu cerita, selurihnya harus kau ketahui.

11

Mulane wong anom iku, abecik ingkang taberi, jejagongan lan wong tuwa, ingkang sugih kojah ugi, kojah iku warna-warna, ana ala ana becik.

Oleh karena itu, sebagai pemuda seharusnya rajin berkomunikasi dan berembug dengan orang tua yang banyak bicara. Ingat, bicara itu banyak macamnya, ada yang baik, ada pula yang buruk.

12

Ingkang becik kojahipun, sira anggoa kang pasthi, ingkang ala singgahana, aja sira anglakoni, lan den awas wong akojah, iya ing masa puniki.

Pastikan kau ikuti pembicaraan yang baik, yang kurang baik singkirkan, jangan kau lakukan, meskipun begitu, di masa sekarang waspadalah setiap orang bicara.

13

Akeh wong kang sugih wuwus, nanging den sampar pakolih, amung badane priyangga, kang den pakolehaken ugi, panastene kang den umbar, nora nganggo sawatawis.

 

Banayak orang yang pandai bicara namun pembicaraannya itu dibungkus dengan maksud untuk mementingkan diri sendiri, hanya dirinya yang diuntungka, mengumbar kedengkian tanpa batas.

14

Aja ana wong bisa tutur, amunga ingsun pribadhi, aja ana ingkang memadha, angrasa pinter pribadhi, iku setan nunjang-nunjang, tan pantes den pareki.

Jangan ada orang yang dapat berbicara kecuali dirinya sendiri dan jangan ada yang meyamai, merasa paling pandai, itu adalah perilaku setan, tidak pantas kau dekati.

15

Sikakna di kaya asu, yen wong kang mangkono ugi, dahwen apan nora layak, yen sira sandhinga linggih, nora wurung katularan, becik singkirana ugi.

Jika kau temui orang seperti itu, usirlah seperi kau menghalau anjing, dia tak patut kau dekati apalagi menemaninya duduk, niscaya kau akan ketularan, lebih baik hindarilah.

16

Poma-poma wekasingsun, mring kang maca layang iki, lair batin den estokna, saunine layang iki, lan den bekti mring wong tuwa, ing lair praptaning batin.

Bagi ayang membaca surat ini, perhatikan dengan sungguh-sungguh nasihatku ini, patuhilah secara lahir dan batin, laksnakan apa yang tertulis dalam surat ini, dan berbaktilah terhadap orang tua, lahir dan batin.                                                                                                                                             

 I, Ayo wangsulana pitakon pitakon ing ngisor iki ! 
    1.Apa tujuwane padha nglatih ati ?
    2.Apa karepe cegah dhahar lawan guling ?
    3. Kepriye watakke bocah enom saiki ?
    4. Sapa kang perlu dijak jejagongan ?
     5. Apa akibate yen kerep kumpul karo wong ala ?
II. Coba gaweya sapada tembang kinanthi tema bebas !

BABAGAN WANGSALAN

 

Wangsalan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasiMenyang panggolèkan

Wangsalan iku unen-unen cangkriman nanging iku dibatang (dibedhèk) dhéwé. Ukarané ora persis nanging mèmper waé. Wangsalan ana kang awujud ukara selarik, bisa uga awujud tembang. Tuladha kang wujud ukara:

  • Nyaron bumbung, nganti cengklungen nggonku ngenteni. (saron bumbung=angklung)
  • Njanur gunung, kadingaren sliramu teka. (janur gunung=aren).

Tuladha kang wujud tembang:

  1. Jirak pindha munggwing wana
  2. Sayeng kaga we rekta
  3. Sinambi kalaning nganggur
  4. Wastra tumrap mustaka
  5. Pangikete wangsalan kang sekar pangkur
  6. Kinarya langen pribadi

Batangane:

  • Jirak pindha munggwing wana = wit kesambi.
  • Sayeng kaga = piranti kanggo nyekel manuk (kala).
  • We rekta kang muroni = iket.
  • Baon sabin = karya.

Jenisé Wangsalan

  • Wangsalan lamba ya iku wangsalan kang mung isi batangan (tebusan) siji. Unen-unen wangsalan lamba mung saukara kang kadadéan saka rong gatra. Gatra kang ngarep isi wangsalan, gatra kang isi batangané.

Tuladha: Pindang lulang, kacek apa aku karo kuwe (Pindhang lulang = Krecek)

  • Wangsalan rangkep (camboran) ya iku wangsalan kang isi batangane punjul siji. Unen-unene wangsalan rangkep kadadeané saka rong ukara, siji-sijiné ukara kadadéan saka rong gatra.Ukara kapisan isi wangsalan ukara kapindho isi batangane.

Tuladha: Jenang sela, wader kalen sasonderan. (Apu, sepat) Apurata, yèn wonten lepat kawula

  • Wangsalan memet ya iku wangsalan kang carané nggoleki batangane sarana ngoceki maksuding tetembungane ambal ping pindho.

Tuladha: Uler kambang, yèn trima alon-alonan Oncek-oncekan kapisan: Uler kembang maksude lintah Oncek-oncek kapindho: Wanda tali ing tembung lintah, dianggap wancahane tembung kang surasane alon-alonan, ya iku tembung satitahe. Tembung satitahe ateges ora ngaya, mung tumindk sakepenake bae, kanthi alon-alonan.

  • Wangsalan padinan ya iku ana kang nganggo mratélakaké batangane, la nana kang tanpa mratélakaké batangane, marga wong-wong kang pandha krungu (maca) dianggep wis ngerti maksude (batangane).

Tuladha: Wong kae sajatine wis krungu kandhaku, nanging njangan gori. Gori iku mathuke digudhèg. Njangan gori = nggudhèg. Maksude wangsalan njagan gori ya iku mbudheg, api-api ora krungu.

  • Wangsalan mawa paungeran tartamtu

Wangsalan mawa paungeran tartamtu kena kapérang dadi loro, ya iku:

Mawa paungeran 4 wanda + 8 wanda Kang mawa paungeran 4 wanda + 8 wanda iku wangsalan lamba (mung isi batangan siji).Unen-unen mung saukara kang kadadéan saka rong gatra.Gatra ngarep 4 wanda, isi wangsalan: gatra buri 8, isi batangane. Tuladha: Reca kayu, golèk kawruh rahayu.(reca kayu = golèk)

Mawa paungeran (4 wanda + 8 wanda) X 2 = 24 wanda Kang mawa paungeran (4 wanda + 8 wanda) x 2 = 24 wanda ya iku wangsalan rangkep (isi batangan punjul siji). Unen-unen rong ukara, saben saukara kadadéan saka rong gatra. Ukara kapisan (rong gatra) isi wangsalan, ukara kapindho (rong gatra) isi batangane. Tuladha:

Sayuk rukun, wulang wido mangsa rowang = 4 wanda + 8 wanda

Sayektine, wit saking bondho kawula = 4 wanda + 8 wanda

Sayuk rukun = saiyeg, saeka praya

Wulang wido mangsa rowang = bido

  • Wangsalan edi-peni ya iku wangsalan kang mawa paungeran.
  1. Unen-unene kadadéan saka 2 ukara (wangsalan rangkep)
  2. Saben saukara kadadéan saka 2 gatra (4 wanda + 8 wanda)
  3. Ukara kang kapisan (ya iku kang isi wangsalan) mawa purwakanthi guru swara lan purwakanthi basa utawa purwakanthi lumaksita.

Tuladha: Tepi wastra, wastra kang tumrap mustaka. (Kemada,iket) Mumpung mudha, nggegulanga ngiket basa.

  • Wangsalan kang sinawung ing tembang ya iku cacahé wandane lan tibaning swarane ing wekasaning gatrane ora tartemu, sebab kawengku ing guru wilangan lan guru laguning tembang. Guru wilangan lan guru laguning tembang kudu tansah menang, lire: ora kena owah, kudu tansah manut paungeraning tembang.

Tuladha: Sinom

Edane wong keneng guna, ambatik sinambi nangis, malam wuntah balabaran, geni mati muring-muring, prembenahan mbrebes mili, gawangan sinendhal putung, ya talah ta si kakang, puluh-puluh awak mami, petis manis wis kudu dadi pocapan.

Petis manis = kecap

  • Wangsalan kang sinawung ing tembang ya iku cakepan ing umpak-umpaking gendhing, gerong lan senggakan, kerep kanggo wangsalan (dilagokake déning pesindhen, niyaga utawa bocah-bocah kang padha manembrama).

Tuladha:

Pangkur Lamba (slendro Pasisirt 9)

Purwaka (buka,Basa)

Kembang adas sumebar ing tengah alas

Tuwas tiwas anglabuhi wong ora waras

Alah bapak, balung jagung saguhku isih janggelan

Wiwit gerong kang baku

Lagu gendhing pangkur lamba

Maweh gumirah wardaya

Tur mathuk kinarya aba

Mlaku bareng ulah raga

Balung jagung:maksude janggel

Janggelan = during tetep, isih kudu janji manèh, sendhe, bisa uga wurung.

Tuladha wangsalan ing tembang campursari kangen Kangen Pitung sasi lawase nggonku ngenteni, mung sliramu wong bagus kang dadi ati, rina wengi mung tansah takimpi-impi, sajeroning ati kangenku setengah mati, jenang gula ya mas ya mbok aja lali, ngelingana rikala jaman semana, sliramu janji aku setya ngenteni, lair batin tresnaku terusing ati, kangen wong kangen ngene-ngene rasané, rindhu-rindhu tambane kudu ketemu, klapa mudha enake kanggo rujakan, leganana aku kang nandhang kasmaran, mbalung janur wong bagus takanti-anti, ngusadani wong kangen kang olèh jampi

 


 


    

Post a Comment

0 Comments