Kelas Bu Novi

Kelas Bu Novi
Kelas Bu Novi

 PENILAIAN HARIAN 1

MATERI CARITA RESI  JATHAYU  

I. Kapilihen wangsulan ingkang paling leres !

TIRTA AMERTA: GARUDA WAYANG 

1. Cariyos Resi Jathayu punika mujudaken cariyos ingkang asring dipunlampahaken ing pagelaran ringgit 

    ( wayang ), ingkang kapendhet saking babonipun cariyos....

    a. Ramayana            c. Kresnayana

    b. Mahabarata          d. Arjuna wiwaha

2. Shinta banjur menehake apa kang ana ing rambute kanthi ngathungake tangane menyang sanjabane        bunderan. 

    menapa ingkang dipunwenehaken Shinta dhateng tiyang estri sepuh kalawau ?

    a. Sekar mawar         c. Sekar kenanga

    b. Sekar mlati            d. Sekar kanthil

3. Shinta njerit, jebul wong wadon tuwa iku kang nggeret tangane metu saka sanjabane bunderan malih       wujud dadi... 

    a. Rama                      c. Rahwana

    b. Laksmana               d. Karna

4. Sinten ingkang nedya paring pitulungan dhumateng Shinta nalika kabekta Rahwana dhateng                   Alengka ? 

    a. Peksi Taksaka        c. Peksi Sesotya

    b. Peksi Ambara        d. Peksi Jathayu

5. Jathayu nandhang tatu, sakdurunge mati ninggal weling marang Shinta, supaya Shinta  njabut saelar..

    a. Cucuk                    c. Swiwi

    b. Wulu                     d. Sungut

6. Mangga mbah menawi badhe dhahar rumiyin, dene kula sampun ....... kalawau. 

    a. Maem                    c. Dhahar

    b. Nedha                    d. Mangan

7. I. Budi kesah dhateng Temanggung 

    II. Bapak tindak dhateng Temanggung

    Pratelan ing nginggil migunakaken basa...

    a. I.  Krama lugu         c. I. Krama alus

       II. Krama alus             II. Krama alus 

    b. I. Krama lugu          d. I.  Krama alus

       II. Krama lugu             II. Krama lugu

8.

NO

Ngoko

Krama

Krama Inggil

1

Lunga

Kesah

Tindak

2

Mangan

Nedha

Dhahar

3

Tuku

Tumbas

Tumbas

4

Turu

Tilem

Sare

  Pratelan menika pundi ingkang mboten leres miturut unggah - ungguhipun ?

    a. 1                             c. 3

    b. 2                            d. 4

9. Cangkriman inggih punika tetembungan ingkang kedah dipunbatang kekajenganipun, salah satunggal     ipun wonten cangkriman wancahan. Ing ngandhap punika ingkang kalebet cangkriman wancahan.

    a. Burnas kopen                            

    b. Sega sakepel dirubung tinggi

    c. Pitik walik saba kebon

    d. Dodol klapa dikepruki

10.Wonten satunggaling cangkriman ingkang batanganipun andha ( tangga )

       a. Sega sakepel dirubung tinggi  

       b. Anake diidak - idak, emboke dielus - elus

       c. Pitik walik saba kebon

       d. Dhikethok malah saya dhuwur

II. Kawangsulana kanthi patitis ! 

1. Cariyos ringgit ingkang asring dipunpentasaken ing tanah Jawi asalipun saking 2 babon cariyos,

    inggih punika     a.......................... 

                                b.........................

2. Rahwana ngguyu rumangsa bombong banjur mabur tumuju Alengka, dumadakan ing margi diserang      manuk Garudha aran Peksi Jathayu. 

    Punapa pikajengipun ( tujuan ) Peksi Jathayu nyerang Rahwana ?

3. Bu Tyas kesah dhateng peken, badhe tumbas ubarampe kangge damel roti.

    Ukara punika migunakaken basa krama lugu, cobi kaowahana dados ukara ingkang abasa krama alus    ( inggil ) !

4. Kajangkepana pratelan ing ngandhap punika !

    

NO

Ngoko

Krama

Krama Inggil

1

Mulang

Mucal

Ngasta

2

Tuku

Tumbas

………….

3

Mlaku

…………….

Tindak

 5. Kaseraten batanganipun cangkriman wancahan punika !

    Pakboletus

 

SUGENG MAKARYA LAN MATUR NUWUN



      

                         

 

Post a Comment

0 Comments